Jlitheng,
ngono celukane. semut cilik ireng sing tansah mungsuhi kanca-kancane. melu kene
ora entuk, melu kono ya ora oleh. pancen, awake Jlitheng kuwi klewat cilik, krempeng,
ora bisa diendelake. wis pokoke ora ana gerombolan semut sing gelem karo
dheweke.
"awakmu
cilik miyeyet ngono, ora duwe daya, ora usah melu kene, mesthi ora kuwat nyeret
apa-apa, malah ngrusuhi thok" ujare salah sijine semut gedhe.
"sapa wae
aja gelem dieloni Jlitheng, ngendhet-ngrendheti laku ae" kandhane semut
liyane marang kanca-kancane nalika Jlitheng nembung arep melu koloni semut
kuwi.
Jlitheng
sedhih, jan nelangsa tenan uripe. kok kebangeten temen ora ana kancane sing
gelem nampa dheweke. sedina-dina dheweke mung mlaku ijenan, mangan sepethuke,
yen ana bebaya ya diadhepi dhewe. ning tujune seprana-seprene aman saka bebaya.
"dhuh
gusti, nelangsa temen awakku. becike kula pejah kemawon gusti, tinimbangurip
nggih mboten wonten semangat" sambate Jlitheng ing sawijining dina.
Jlitheng putus
asa tenan. ora semangat nglakoni urip. dheweke mung ngetut lakune sikil wae.
Dina iku
Jlitheng wegah arep menyang ngendi-endi. dheweke pilih ndhelik ing susuhe manuk
derkuku wae sing dina iku kebeneran ana endhoge sing durung netes. susuh kuwi
lagi ditinggal emboke derkuku. lagi golek pangan mbok menawa, megkono pikire
Jlitheng.
Lagi enak-enak
liyer-liyer dumadakan awake Jlitheng kaya dihoyog-hoyog, ana barang gedhe
tlesar-tleser sing marani susuh kuwi. Jlitheng durung ngerti apa sing sabenere
kedadeyan.
"ku..ku..ku...
tulung...tulung endhogku arep dipangan ula, huk..huk.. hei ula aja mbok pangan
calon anakku kuwi..." ujug-ujug krungu pambengoke simbok derkuku melas
banget. dheweke mung isa jerat-jerit karo mabur mubeng-mubeng, arep nglawan si
ula genah kalahe.
Krunngu
pambengoke simbok derkuku mau, Jlitheng lagi ngerti saiki, ana ula kang arep
nyaplok endhogke derkuku.
Nanging
Jlitheng ora meneng wae. Dheweke malah thukul kuwanene. Dheweke banjur nggremet
cepet ing awake ula. Dheweke mlebu ing kupinge ula lan banjur nyokot daging ing
jero kupinge ula mau bola-bali. Si ula dadi kelaran, banjur ngipat-ipatake
awake. Nanging senajan mengkono sajake isih durung bisa ngalahake kekarepane
ula kasebut anggone tetep arep mangan endhog-endhogke derkuku. Simboke derkuku
dhewe isih jerat-jerit tanpa bisa apa-apa.
Jlitheng uga
emoh nyerah, dheweke tetep pengin nylamatake endhog derkuku sing melas iku.
Ngerti upayane durung bisa ngasarake mungsuhe, Jlitheng golek perangan awak liya
sing bisa dicokot. Ula kuwi kelaran, terus tleser-tleser mundur. Durung marem,
mata kiwa uga dicokot. Saiki ula krasa kelaran tenan.
Ngerti
mungsuhe wis rada putus asa, Jlitheng nglungani wusanane ula kasebut tiba saka
wit, banjur tlesar tleser nglungani, wurung anggone arep mangan endhog-endhog
derkuku kuwi.
Simbok derkuku
seneng banget atine amarga calon anake ora sida dipangan ula. Senajan dheweke
ora ngerti geneya ula mau ujug-ujug kelaran banjur tiba ngono wae. Mesthi wae,
amarga Jlitheng pancen cilik banget, dadi lumrah yen simbok derkuku ora ngerti.
“maturnuwun
gusti , sampun nylametaken calon anak kula, kula jani mboten badhe nilar
tebih-tebih tigan menika” simbok derkuku kuwi muji sukur marang gusti allah
sinaambi ngambungi endhog-endhogke.
Ngerti lakone
simbok derkuku lan enddhog-endhogke slamet saka bebaya, Jlitheng uga melu muji
sukur merga dheweke bisa aweh pambiyantu.
Bubar prastawa
kuwi, Jlitheng banjur lunga saka kono, pancen disengaja ora ngaton ana ngarepe
simbok derkuku. Dheweke seneng amarga senajan awake cilik pranyata isih bisa
migunani tumrap liyan.
Gusti ngripta
titahe mesthi ora ana sing muspra . Jlitheng nyuwun ngapura marang gusti amarga
wingi tansah mopo lan nyalahake kahananan urip.
impian nopitasari
Karang Malang, RT/RW
03/03 Tambakrejo,
WonosariGrobogan-Jawa
Tengah
Panjebar
Semangat No. 44-1 Nopember 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar