بسم الله الرحمن
الرحيم
الحمد لله الذي جعل السعادة موقفة على تأديب
النفس وتطييبها وتزكيتها وتطهيرها. وجعل شقاءها فى فسادها وخبيثها. اشهد ان لا اله
الا الله وحده لا شريك له شهادة تنجي من العذاب قائلها. واشهد انّ سيدنا محمدا
عبده ورسوله الداعى الى الخيرات ومبدئها.
اللهم فصل وسلم على سيدنا ومولانا محمد المتصف
بمكارم الاخلاق ومحاسنها وعلى اله وصحبه صلاة وسلاما دائمين متلازمين الى يوم
القيامة يوم اخرجت الارض اثقالها. اما بعد .
فيا عباد الله ! اتقوا الله تعالى
واعلموا انكم دخلتم فى عام جديد. فاكثروا من التوبة والاستغفار واهتموا بما تصلح به عما يقرب الى هلاكها !
Jamaah Jum’ah
ingkang minulyo ;
Wonten khutbah
jum’ah meniko kulo tansah wasiat khususipun dumateng awak kulo kimbak lan
umumipun dumateng para rawuh sedoyo, monggo tansah budi doyo ningkataken iman saha
taqwa kito dumateng Allah SWT. kanti netepi dawuh-dawuhipun lan nebihi sedoyo
awisan-awisanipun. Lan mangertoso bilih sekedap maleh sampun dumugi akhir
tahun, inggih tahun 1432 hijriyah sampun bade telas lan bade dumugi tahun 1433
hijriyah. Meniko artosipun yuswo kito tambah sepuh lan bates anggen kito
menemui ajal sampun tambah parek (cedak).
Hadirin ingkang
minulyo;
Milo
sangking meniko para rawuh, monggo sami niti-niti lan ngemut-ngemut (kilas
balik) menopo kemawon selama setunggal tahun kapengker ingkang kito perbuat
saha lampahi. Katah ingkang leres nopo katah ingkang kelintu, katah amal
kesaenanipun nopo katah amal ingkang batal. Sumonggo dipun emut-emut piyambak.
Jalaran bejo lan cilokonipun awak kito meniko gumantung dumateng pribadinipun
kiyambak-kiyambak.
Jamaah Jum’ah ingkang minulyo;
Menawi katah anggen
kito nglampahi amal kesaenan, sumonggo kito tingkataken, menawi katah ingkang
batal monggo enggal-enggal dipun resiki lan taubat boten bade nglampahi maleh.
Dawuhipun Allah wonten surat
Asy Syams ayat 9 – 10 :
قد افلح من زكاها . وقد خاب من دساها
Artosipun : “Temen
bejo wongkang ngresiki atine lan temen rugi wongkang ngotori atine”
Wonten ayat meniko jelas bilih Allah ta’ala mboten remen dumateng
tiyang ingkang selalu berbuat batal sebab meniko bade ngotori atini lan awake.
Luweh-luweh malah saget ngotori lingkungane. Menawi sampun mekaten monggo
enggal taubat kanti taubat ingkang saestu. Dawuhipun Allah ta’ala :
ياايها الذين امنوا توبوا الى الله توبة
نصوحا . عسى ربكم ان يكفر عنكم سيئاتكم ويدخلكم جنات تجري من تحتها الانهار .
Artosipun : “He
iling-iling wongkang podo iman, podo taubato siro kabeh kelawan taubat kang
bener-bener, menowo-menowo Pengeran siro bakal nglebur kesalahan-kesahan siro
kabeh lan nglebokno siro kabeh ano swargane kang ono ing ngisor-ngisore mili
bengawan-bengawan” (S. At Tahrim : 8).
Jama’ah Jum’ah rohimakumulloh;
Sak lajengipun
menawi sampun, kito kedah nyedaake awak kito dumateng Allah ta’ala, ndepe-ndepe
kanti muroqobah, sebab mangertoso bilih kulo panjenengan sedoyo meniko
gadahi sifat apes lan mboten saget nopo-nopo, mboten gadah doyo nopo-nopo. Milo kanti muroqobah meniko kito nyuwun dumateng Allah
ta’ala supados dipun jagi sangking hal ingkang mboten diremeni Allah ta’ala lan
dipun jagi sedoyo amal perbuatan kito, ingkang utami iman kito.
Kanti meniko mugi lampah kito wonten tahun ingkang bade dumugi dipun
ridhoni lan saget gesang mlampah langkung sae.
Jamaah Jum’ah ingkang minulyo;
Katah sanget
amalan-amalan engkang saget dipun amalaken wonten sak lebetipun wulan Muharram
sak mangke, ing antawisipun maos do’a akhir tahun, maos do’a awal tahun, lajeng
ngatah-ngatahake maos istighfar lan sanes-sanesipun. Mekaten meniko mboten
sanes niat marekaken (muroqobah) dumateng Allah ta’ala, nyuwun ridho lan inayah
ipun supados dalan gesang meniko lancar berhasil miturut ingkang dipun
cita-citaaken saha dipun ngapunten sedoyo amal-amal kebatilan ingkang sampun
kalampah wonten tahun ingkang kapengker.
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم . بسم
الله الرحمن الرحيم . يا ايها الذين امنوا اتقوا الله ولتنظر نفس
ما قدمت لغد واتقوا الله. ان الله خبير بما تعملون .
بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم
ونفعنى واياكم بالايات والذكر الحكيم انه هو البر الرعوف الرحيم. وقل رب اغفر
وارحم وانت خير الراحمين.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar