Ing wayah dina ana seorang pertapa
sing iseh enom kang nduwe jeneng Aji Saka saka Hindustan. Aji Saka karo abdine
lunga lewat Tanah Jawa. De’e karo abdine njelajahi mlbu kota lan desa. Tekane
ing Tanah Jawa nduwe maksud kanggo nyebarne ilmu pengetahuan.
Sewayah de’e lan abdine lunga nyang
Negara Medang, nanging ing dalan de’e kabeh leren ing gunung Kendeng. Aji Saka
ngmong marang Sembada, abdine. Jarene :”Sembada! Sesok aku arep nyang Medang,
lan keris ajiku tak tinggal ning kene. Kowe tak percaya jaga kerisku. Sapa wae
sing teka njaluk keris kuwi aja mbuk wenehi. Nek aku butuhne aku arep jipuk
dhewe. Elingo pesenku!”
Sakwise ngomong, Aji Saka mangkat
ning Medang dhewean. Aji Saka teka ing Negara Medang. Aji Saka teka ing desa
pojok dhewe. De’e namu ing omah’e rondo tua sing jenenge Mbok Rondo Sengkeran.
De’e takon marang mbok rondo “Apa
iki Negara Medang?”
Wangsulan mbok rondo : “Betul! Tuan
saka ngndi? Lan apa tujuan tuan teka ing desa iki?”
Wangsulan Aji Saka : “Aku saka adoh.
Aku teka ing negeri iki amung nonton negeri Medang. Aku pengin ngabdi marang
Sang Prabu.
Rondo tuwa ngomong : “Tuan, aja kowe
ngabdi marang Sang Prabu. Sebab Sang Prabu senengane mangan iwak wong urip.
Tontono! Desa iki ora ana penduduke amarga pada ngungsi amarga wedi marang Sang
Prabu. Aku iseh urip amarga aku wis tuwa iwakku wis a lot. Tuan iseh enom aja
nyedak Sang Prabu, Tuan mengko mesti dipangan.”
Sakwise kuwi Aji Saka nunut ing
omahe Mbok Rondo Sengkeran. Pendak dina Sang Baginda mangan iwak wong urip.lan
pendak dina patih kerajaan Medang golekne wong kanggo mangan Sang Baginda.
Aji Saka pancen sakti. Pas para
penduduk pada keweden mlayu ngungsi, de’e malah ngajak para penduduk tinggal
bebarengan ing omahe Mbok Rondo Sengkeran. Si rondo tua ngmong maneh kanggo
ngelingke marang Aji Saka, “lalekne niat mu. Luwih apik tinggalne desa iki!”.
Aji Saka ngomong : “Mbok, rausah
kawatir karo aku! Tulung terne aku nyang omah’e patih men aku diterne nemoni
Sang Prabu.”
Mbok Rondo Sengkeran ngeterne Aji
Saka nemoni Patih. Ing ngarepe Patih, Aji Saka ngomong nyang Patih apa kang
dimaksud, pengin ngabdi marang Sang Prabu. Sang Patih ngingeti Aji Sakakaget
merga apik’e. pancen Aji Saka pemuda kang bijak lan bagus. Ing njero ati sang
Patih de’e ngrasa sayang marang Aji Saka nek diserahne marang Sang Prabu
Wangsulan Sang Patih : “ iya! Kowe
arep tak petokne karo Sang Prabu. Kowe kudu reti tugas mu mengko. Amarga ora
gampang ngabdi marang Sang Baginda Raja Medang.”
Wangsulan Aji Saka : “Aku ora wedi
pethukan karo Sang Baginda! Aku tetep karo pendirian sakdurunge, yaiku arep
ngabdi marang Sang Prabu. Saumpama aku ora mati apa aku isa oleh hadiah lemah
sak sorban iki?”
Sang Patih nyanggupi panjaluke Aji
Saka. Aji Saka dijak ning istana. Pas maem, Aji Saka ngubah awake dadi bocah
sing ayu. Sang Prabu seneng ngingeti. Bocah-bocah mau digendong. Pas digendong,
Sang Prabu ambekan kanggo mangan. Nanging Aji Saka sing sakti mau langsung
nyekel lambene, terus lambene Sang Prabu disuwek ngasi mati.
Sakwise kedadean matine Sang
Baginda, Aji Saka ngrubah awake kaya sakdurunge. Aji Saka lunga marang omahe
Sang Patih ngomongi nek Sang Baginda mati merga dipateni. Seneng Sang Patih
krungu kabar saka Aji Saka kuwi.
Sakwise kuwi Aji Saka nagih janji
marang Sang Patih. Tali sirahe dicopot dijereng ning nduwur lemah. Tali sirahe
mundhak gedhe teka desa lan kota, hutan, gunung, lembah ngarai. Akhire seluruh
kerajaan Medang dadi nggone Aji Saka.
Sang Patih ora isa berbuat apa-apa.
Rakyat Medang seneng lan lega amargo raja sing senenge mangan iwak manusia kuwi
uwis mati. Rakyat berterimakasih marang Aji Saka sing uwis bebasne rakyat saka
rajane kuwi. Akhire Aji Saka dinobatke dadi raja ing Medang.
Penduduk sing ngungsi ing daerah
liyo bali ning omahe maneh. De’e kabeh mulai ngurusi sawah. Dadi desa kang
rame. Ing pemerintahan Raja Aji Saka, Negara Medang ngalami masa kejayaan.
Rakyat urip tentrem. Kelingan Aji Saka marang kerise.
Diceluk Dora, jarene :“He, Dora,
lungao kowe ing pegunungan Kendeng! Jipuko kerisku! Omongne neka aku lagi
repot!”
Wangsulan Dora :“Ya, tuanku! Hamba
siap, mangkat..”
Lungao Dora ning pegunungan Kendeng.
Tekane ing panggon, Dora ngei salam marang Sembada. Lan loro-lorone asyik
omongan lan kangen-kangenan. Sakwise kuwi Dora ngmongne apa sing dimaksud
tekane, diutus Aji Saka njupuk keris aji sing dinduweni tuane kuwi.
Krungu maksud tekane Dora, karo
tegas Sembada nolak.
Jare Sembada :“Pesen tuanku Aji
Saka, nek keris baji iki ora oleh diwenehne marang sapa wae. Nek tuanku
merlokne beliau mesti arep teka njipuk dhewe mrene. Lan aku ora oleh ninggalne
tempat iki sakdurunge tuanku teka!”
“Aku gawa surat kuasa bukti perintah
Baginda.” Jare Dora.
“Aku ora peduli, aku tetep marang
pendirian nek pesen lan amanat Baginda Aji Saka nyang aku kudu tak cekel, nek
sapa wae ora berhak njupuk keris pusaka milik Baginda kecuali Baginda dhewe.”
“Aduh Kakang Sembada aku kepekso
gawa dalan kekerasan.”
“Aku ora nyalahke kowe Dora, aku
tetep arep mempertahankan pusaka iki.”
Keloro abdi kuwi saling
mempertahankan perintah Aji Saka, kelorone ora gelem ngalah. Akhire kedadean
marang kelorone. Kelorone abdi kuwi, Dora lan Sembada adu kekuatan, adu
kepandaian, lan adu kesaktian. Pancen kelorone kuwi pada-pada sakti.
Kelorone pada-pada unggul. Adu
kesaktian keloro abdi kuwi gawe kelorone mati. De’e kabeh mempertahanke
perintah tuane. Luwih apik mati daripada ngianati perintah tuane. Utusan Aji
Saka suwe ora teka. Khawatirlah Aji Saka lan cemas nunggu tekane abdi sing
setia. Dora lan Sembada ora teka-teka. Akhire Aji Saka ninggalne istana lunga
ing pegunungan Kendeng nyusul Dora lan Sembada. Sakwise teka ing pegunungan
Kendeng, kaget Aji Saka weruh mayat Dora lan Sembada ing lemah.
Kelingan Aji Saka apa sing pernah
dipesenke marang Sembada. Dora lan Sembada abdi kang disayangi mati demi tugas
kang diwenehne. Matine kuwi kanggo bukti kesetiaan lan kepatuhan marang tuane.
Karo matine kelorone abdi kang setia, Aji Saka nyiptakne huruf-huruf kanggo
ngabdikne kesetiaan keloro abdine kang nglaksanakne tugas. Huruf jawa iku
disebut karo Carakan
Susunan huruf jawa kuwi yaiku: ha na ca ra ka- da ta sa wa la - pa dha jay
a nya- ma ga bat ha nga.
Hana caraka = ana utusan
Data sawala = pada bertengkar
Padha jayanya = sama saktinya
Maga bathanga = mati bersama
Tidak ada komentar:
Posting Komentar