Sunan
Muria ( Raden Umar Said ) yaiku salah sijine tokoh ingkang nyebarake agama
Islam ing Jawa lan salah siji anggota Walisanga kang nyebarake agama Islam ing
daerah Kudus tepate ing Desa Colo Kecamatan Dawe lan Colo uga dikenal kanthi
nama Lereng Gunung Muria. Anggone nyebarake ajaran agama islam, Sunan Muria
ndirikake padepokan (pesantren) sing jupuk markas ing salah sawijining
pegunungan Muria ing desa Colo Kecamatan Dawe Kabupaten Kudus uga panggonan
omahe. Sunan Muria duweni sawijining putri sing jenenge Raden Ayu Dewi
Nawangsih. Sunan Muria mulai khawatir marang putrine kuwi amarga san saya
dewasa marai wenwhi daya tarik kanggo para santri kang mayoritas putra.
Ingkang dadi tokoh kang cukup duweni
pengetahuan marang ajaran agama islam.
Sunan Muria duwe akeh murid kang mara berguru saka kabeh penjuru. Saka
kabeh mau ana salah siji muride kang nama Rinangku (Raden Bagus Rinangku) lan
Cebolek yaiku murid kang duweni kepinteran ing pesantren kuwi. Raden Bagus
Rinangku yaiku putra saka Ki Pandanaran kang kuasa ing semarang. Cebolek yaiku
murid kang asli saka Pati. Diundang nganggo sebutan Cebolek amarga awakke cebol
(pendek) lan elek amarga tampilane ora tampan.
Ing
sawijining dina, Sunan Muria nyebut nama Cebolek dadi calon bojone Dewi
Nawangsih. Ananging Nawangsih krasa sedih amarga dheweke ora seneng.
Meneng-meneng Cebolek mendem rasa kanggo Dewi Nawangsih. Wis suwi anggone Cebolek luru dalan sing apik kanggo
berhubungan karo Nawangsih, uga durung kasil amarga Nawangsih nghindari
kemungkinan anggone ketemu karo santri iku.
Rinangku
kang duweni kebagusan lan kepinteran dadi daya tarik lan gawe putrine Sunan
Muria sing jenenge Nawangsih (Raden Ayu Dewi Nawangsih) kesensem lan entuk
sambutan saka Rinangku. Cebolek krasa tersisih ngeti kedadeyan iku, akibate
muncul rasa iri, dengki saka lubuk atine lan akhire duwe niat gawe cilaka
Rinangku.
Loro-lorone
wis dadi pasangan sing saling tresna. Ngerti gelagat kuwi, Sunan Muria dadi
khawatir karo hal-hal kang ora dipengeni. Nanging kanggo ngelarang hubungan
kuwi, gawe kewibawaan Sunan Muria mudun, sing terkenal alim lan bijaksana. Kamangka
golek cara kanggo ngedohake hubungan wong loro kuwi kanggo carakang luwih diterima karo
masyarakat.
Kebetulan, waktu iku ana kerusuhan saka ulah para perampok ing
siseh kulon Gunung Muria. akeh penduduk desa kang ngungsi ing pesantren
sahingga Sunan Muria ngutus santri-santrine kanggo nangkap kaum perampok. Wektu
menika Cebolek ngrasa yen entuk kesempatan kang tepat kanggo njatuhke wibawa
Rinangku. Sunan Muria uga setuju karo usulan Cebolek. Sebenare, Cebolek pingin
matine Rinangku ing tangan para perampok. Ananging, ora nganti suwi banjur
Rinangku bali kanthi kemenangan. Rinangku sanggup ngajak para perampok kanggo
tobat lan merguru karo Sunan Muria. Kekasilan iku gawe simpati Nawangsih marang
Rinangku.
Cebolek ngrasa tersisih
terus nyebarake fitnah. Marang para santri dikabarake nak Rinangku
sembunyi-sembunyi mlebu kamar Nawangsih sahingga perlu dijebak ben ketangkap
basah. Tindakan kaya kuwi jelas nglanggar adat kesopanan lan uga ngrusak wibawa
kaum santri. Kabar iku akhire dirungakake Sunan Muria, nanging, disaring-saring
kebenarane. ananging, teguran iku wis dicurahke marang Nawangsih karo santun
membantahe. Sawijining dina Sunan Muria ngundang Rinangku dewean. Nanging Sunan
Muria gagal entuk pengakuan saka Rinangku.
Musim
panen lagi teka. Sawah duwene pesantren Sunan Muria kang amba lan njangkau
tekan ning desa liyane yaiku Dusun Masin (Desa Kandangmas Kecamatan Dawe Kabupaten
Kudus). Teka kondisi iki, Sunan Muria duwe ide kanggo ngedohke hubungan asmara
antara putrine karo Rinangku kang tambah dina tambaah cedak. Diutuslah Rinangku
ing dusun Masin kanggo ngemban tugas njaga tanaman padi ing persawahan ben ora
dipangan hama utawa manuk sing anggone mangan pari sahingga diarepke hasil
panen kang nglimpah. Lan Rinangku dirawehi bali sakdurunge Sunan Muria ngakon
bali. Jarak antara desa Colo lan Masin lumayan adoh lan mung iso ditempuh karo
mlaku. Mangkate Rinangku ing dusun Masin kanggo nglaksanakake tugas sing
diembanke marang gurune, kang artine dheweke kudu pisah karo pujaan atine sak
njerone kang ora ditentukake amarga Rinangku kudu manggon ing dusun Masin. San
saya suwe, Dewi Nawangsih kang lagi kasmaran karo kekasihe ora kuasa nahan
rindu kang rasakake. Kanthi nekat, Dewi Nawangsih minggat karo para
dayang-dayange, saka omah dheweke duwe niat nyusul pujaan atine.
Lungane
Nawangsih saka omah nganti patang dina kang uga durung muleh, gawe ayahe (Sunan
Muria) dadi murka. Sunan Muria curiga marang lungane Nawangsih kanggo nemoni
Rinangku sing ditresnani karo putrine. Para santri diutus karo Cebolek lunga
ing dusun Masin kanggo nyelidiki apa Dewi Nawangsih bener ana ing kono. Dugaan
Sunan Muria bener, para murid kang teka ing lokasi persawahan nemoni bocah loro
sing lagi pada katresna nglepas rindu ana ing gubug, sahingga ora dihirauke
manuk-manuk kang mangan pari. Salah siji murid utusane karo Cebolek mulih ana
ing pesantren kanggo nglaporake kedadeyan iku. Sebagian murid tetep ana ing
kono lan negur Rinangku. Dialog antarane Rinangku karo salah sijine murid.
“Hai
Rinangku, ngapa sampean lalai anggone njalanke tugasmu ?”
Rinangku
jawab, “aku wis njalanake tugasku sesuai apa kang perintahke Kanjeng Sunan
kanggoku.”
“ngeti
apa kang wis sampean perbuat. Biji-biji pari kuwi wis entek dipangan karo manuk-manuk kuwi ananging sampean malah
isih pada berduaan.”
“aku
wis njaga manuk-manuk sing lagi mangan pari kuwi.”
Sak
menika abang raine para murid ndungokake kata-kata Rinangku. Saking nahan
nesune murid-murid iku mung meneng karo ati dongkol. ameh balik ing pesantren
nanging tugas sing diutus gurune durung berhasil, ameh tetep ing kono nanging
atine dongkol.
Salah siji murid lan Cebolek kang nyampaike
laporan wis tekan ing pesantren. Ing tengah ketenangan Sunan Muria ujug-ujug Cebolek
teka kanthi kesusu. Cebolek wenehi kabar marang Kanjeng Sunan Muria tujuan
dheweke teka. dheweke ngeki kabar yen putri Kanjeng Sunan digawa Rinangku ing
perbukitan lan ing kono dheweke nglakokake hal kang ora wajar. Kanjeng Sunan
Muria kaget lan ora percaya karo apa kang sing disampeke dening Cebolek.
Cebolek siap dihukum mati yen omongane ora isa dipercaya. Banjur Kanjeng Sunan
lan Cebolek lunga kanggo buktikake omongane Cebolek.
Sunan Muria nesu banget krungu kelakuane salah
sawijine muride sing jenenge Rinangku lan putrine. Sunan Muria lan Cebolek nuju
lokasi persawahan masin kanggo ndelok dewe apa sing kedaden marang murid lan
santrine kuwi. Kanthi nggawa senjata panah kanggo mengantisipasi kedadean sing
bakal kedaden ing perjalanan, Sunan Muria kanthi getar nahan nesune, tekane ing
lokasi sing di tuduhke salah siji muride.ing tengah-tengah kemesraan Rinangku
lan Nawangsih, teka Kanjeng Sunan Muria lan Cebolek uga para muride. Saiki
Sunan Muria ngerti lan bisa mirsani apa aing ana ing ngarepe. Rinangku lan Dewi
Nawangsih lagi asyik madu kasih ing nduwur gubug kanthi ngeculake kabeh hasrat
sing dipendem. Murid-muride mung meneng ora ngerti apa sing bakal dilakoake.
Kanthi murka sing ora bisa ditahan maneh,
dientoke sawijining anak panah kang didokok ana busur lan siap di bidikke ing
sasaran. Bocah loro sing lagi pepasihan kuwi ora sadar yen marang apa sing
kedaden marang awake. Mung ana jeritan kaget kecampur kelaran nalika bocah loro
kuwi sadar yen sawijining panah nembus ing awake. Rinangku lan Nawangsih tiba,
awake kanthil merga tembus anak panahe. Amarga ora bisa nahan nesune, Sunan
Muria lagi sadar yen perbuatane kuwi ngilangke salah sawijinin nyawa anak
wadone. Sunan Muria mlayu mara ing jasade bocah loro kuwi mau lan ngei
pitulungan.
Para muride sing ana ning kono didawuhi supaya
melu ngei pitulungan. Nanging malah padha meneng ora bisa apa-apa amarga kaget
weruh peristiwa kasebut. Sunan Muria nesu lan ngutuk para muride kaya wit-wit
sing ana ing sekitare. Sak nalika para murid maleh dadi wit. Para penduduk
krungu gegere kedadean kuwi, banjur jasade Rinangku lan Nawangsih dimakamke ing
area kuwi dadi sak liang kanthi posisi sikep-sikepan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar