Jaman
mbiyen ning Pulau Sumatra ana bocah wadon kang ayu kang jenenge Putri Pinang
Masak. Putri kuwi terkenel merga ayune. Awake putih abang-abang kaya jenenge
yaiku kulit pinang kang mateng. Sapa wae sing weruh mesti seneng.
Nanging,
ora amarga ayune lahiriah saka bocah wadon kang terkenal, amarga sifate kang
lemah lembut lan apik ati saengga gawe sapa wae seneng. Para wanita lan gadis
seumuran karo de’e pengin kekancanan karo de’e lan para pemuda lan pangeran do
rebutan pengin ngepek bojo. Nanging bocah wadon kuwi durung pengin nduwe bojo.
Ing
wayah dina teka lamaran saka raja kang terkenal sugih. Sumber kekayaane sing
utama saka tambang minyak. Nek lamarane ditolak sang raja mesti nesu, apamaneh
mesti ana peperangan. Putri Pinang Masak ora seneng karo raja kuwi. Amarga
rupane raja kuwi elek.
Putri
Pinang Masak golek akal. Piye carane gagalne lamaran Raja buruk rupa kuwi.
Ngomong
marang utusane, “Iya, lamarane tak tompo tapi karo syarat. Sing kesiji, Baginda
kudu gawekna istana sing apik iki perabotane. Karo wektu sewengi. Awit sore
teka pithik muni.”
“Hamba
arep nyampaikne, terus apa syarat keloro?” pitakone utusane Raja buruk rupa.
“sing
keloro, nek Baginda gagal menuhi syarat kesiji, de’e kudu nyerahne kabeh
donyane lan kerajaan nang aku.”
Krungu
persyaratan kuwi utusane abang raine. Nanging de’e ora wani tindak macem-macem.
De’e langsung bali lan nyampaikne persyaratan kuwi marang Baginda.
Nyatane
Baginda nyanggupi syarat kuwi amarga beliau cinta karo Putri Pinang Masak. “Wahai
Tuanku.” Omongane penasehat kerajaan. “Tuanku apa sadr apa resiko saka
persyaratan kuwi? Nek gagal paduka bakal kelangan kerajaan iki.”
Baginda
meneng. Nanging langsung ngomong, “Ora ngapa, aku wis suwe urip dhewe, iki
wektune aku njupuk permaisuri. Aku yakin bisa menuhi permintaane.”
Baginda
ngumpulne rakyat lan ahli pertukangan. ora mung para tukang ning kerajaane,
de’e nyewa lan mbayar larang para tukang saka luar negeri kang gelem bantu. Iki
ora dadi soal, raja kan sugih. Para tukang kuwi diperintah kerja cepet amarga
istana kuwi kudu dadi sewengi.
Pembangunan
istana diawiti esuk dina. Ewon tukang pinter dikerahne. Ning panggon kuwi
diempanke ewonan lampu saengga ketok padang. Baginda keliling nonton wong kang
lagi kerja.
Tepat
tengah bengi, Baginda keliling maneh. Separo bangunan uwis dadi. Istana ketok
apik. Putri Pinang Pinang Masak kawatir. Padahal panjaluke gawe istana sewengi
kuwi amung alesan kang digolek-golek. Men ora sida ngrabeni. Nyatane, Baginda
saka etan kuwi ancen nekad. Dina arep nyedhaki esuk, istana kuwi arep dadi,
amung nunggu ngalusne wae.
Baginda
seneng banget. Ujuk-ujuk tewka kota anyar. Nanging, Putri Pinang Masak sedih.
De’e ora bisa turu bengi kuwi. Atine ga penak. De’e terus golek akal kanggo
gagalne niat Baginda saka etan.
Ujuk-ujuk,
Putri Pinang Masak entuk akal. De’e lunga nyang kandang pithik. lampu sing
padang dideleh ning kandang pithik kuwi. Pithik-pithik kuwi ngira dina uwis
awn.langsung kluruk. Baginda lan rakyat sing lagi kerja kaget.
Karo
ati kecewa Baginda ngomong nyang rakyat lan tukang, “Uwis, mandhekne pekerjaan
kuwi!”
“Ngapa,
Baginda? Kan kerjaane dhewe uwis arep rampung?” pitakone salah sijine pekerja.
“Bener
jaremu. Dhewe wis kalah. Saka perjanjian, istana iki uwis kudu rampung
sakdurunge pithik kluruk,” ngmong
Baginda.
“Nanging,
sakjane iki durung esuk tenan, kudune pithik durung kluruk. aneh ….!” Wangsulan
para pekerja.
“Uwislah,”
omong Baginda. “Balio kowe-kowe nyang oamhmu dhewe-dhewe. Dhewe uwis gagal
menuhi persyaratan Putri Pinang Masak. Perjanjiane yaiku teka pithik kluruk
saut-sautan. Kuwi berarti dina uwis padang.”
Pekerjaan dimandhekke karo kepekso. Tukang
pekerja bangunan bali ning negeri etan. Nanging, Baginda iseh ngadhek ning
nggon. Atine remuk.
Putri
Pinang Masak teka nemoni.
“Baginda,
kowe gagal menuhi persyaratanku. Apa istana sing durung rampung iki arep
Baginda rusak maneh?”
Amarga
kesepakatan kang uwis digawe Baginda Raja kudu nyerahne kabeh donya lan
kerajaan. Sejak kuwi, negeri timur diganti jenenge dadi negeri Putri Pinang
Masak. Gadis ayu kuwi dadi raja ning negeri kuwi. Wong-wong saka negeri kuwi
ngarani negeri kuwi Negeri Pinang. Pinang ning basa jawa yaiku Jambe, terus
Raja-raja saka jawa nyebut karo sebutan Kerajaan Jambe suwe-suwe sebutan kuwi
maleh dadi Jambi. Lan asal mula sebutan kota Jambi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar