SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok,bathoke ela-elo,
siromo menyang solo, oleh-olehe payung montho,
mak jenthit lo-lo lobah, wong mati ora obah,
yen obah medeni bocah...
Berkarya
Minggu, 10 Januari 2016
Lagu dolanan
Gundhul Pacul
Gundhul-gundhul pacul-cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul-kul gembelengan
Wakul ngglempang segane dadi saratan
Wakul ngglempang segane dadi saratan
Lumbung Desa (Lirik tembang dolanan)
Lumbung desa pra tani padha makarya
Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang
Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang
Jago Kluruk (Tembang Dolanan)
Ing wayah esuk, jagone kluruk
Rame swarane pating kemruyuk
Wadhuh senenge sedulur tani
Bebarengan padha nandur pari
Srengenge nyunar kulon prenahe
Manuke ngoceh ana wit-witan
Paling cemruwit rame swarane
Tambah asri donya saisine
RATU KALINYAMAT
Cerita iki diwiwiti saka
nalika Sunan Prawata lan Hadiwijaya gabung ing kelompok murid Sunan Kalijaga
saka Selo dadi kanca raket, miturute
Sunan Kudus kuwi mau amarga panjaluke Sunsn Klijaga. Panggabungan iki
dianggep ngelongi kawibawan lan ngece Sunan Kudus. Arya Panangsang dadi murid
siji-sijine kang isih setya marang gurune, yaiku Sunan Kudus. Deweke wes
didukung Sunan Kudus kanggo bales dendam lan jaluk hak kadudukan Demak. Nalika
Arya Pangsang ngadepi perkawis-perkawis kang gegayutan karo kadudukan Demak,
khusususe ngadepi lawan politike, ora liya Sunana Prawata, dewekwe mesti jaluk
nasehat lan pambyantune Sunan Kudus. Hubungan guru karo murid kuwu ora namung
sebates segi spiritual, amarga perkawis agama uga bias dianggo konsentrasi alat
politik. Kawibawan guru iku ora naming bates ngajar spiritual, ananging bias
uga dadi ahli politik lan melu tandang nalika urusan pemerintahan.
Perkawis perebutan
kadudukan Demak iki akeh beda pendapat antarane para wali. Sunan Giri kang dadi
ketua para wali ora sarujuk yen Pangeran Sekar diangkat dadi Raja Demak.
Miturut Sunan Kudus Pangeran Sekar pantes dadi Rajja Demak amarga deweke putra
sing tua. Ananging Sunan Giri nganggep yen bobot ilmu agamane Pangeran sekar
iku ora ana apa-apane yen di bandingake karo Pangeran Trenggana, saengga
Pangeran Trenggana sing luwih pantes dadi panguwasa Demak kang bisa ganti Pati
Unus. Wasananae para wali ngangkat Pangeran Trenggana sing dadi Raja Demak.
Perkara mau kalanjutake
nalika Pangeran Trenggana wafat, para wali akeh kang beda pendapat. Sunan Giri
nyalonake Sunan Prawata kang dadi panggantine Pangeran Trenggono, Ananging
Sunan Kudus ora sarujuk amarga Sunan
Prawata wes mateni pangeran Sekar. Sunan Kudus ngajokake Arya Pnangsang (Adi
Pati Jipang) sing dadi panguwasa Demak, alesane amarga Arya Panangsang iku
pewaris Demak paling tua. Ananging Sunan Kalijaga milih Hdiwijaya sing dadi
panguwasa Demak llan jaluk kerajaan dipindah ing pedalaman, kang beda karo
Sunan Kudus sing orientasine ing kerajaan pesisiran.
Kaanan kaya mankono mau
jalari ruweting pamarentahan Demak kang nyebabake kaanan kang ora tentrem lan
akeh kedadean paten-patenan kang dilakokake Arya Panangsang. Arya Panangsang
didakwo akeh nglakoni pambunuhan lan kejahatan.
Sawise oleh pangestone
Sunan Kudus, Arya Panangsang ngangkon abdine kang jenenge Rangkut kanggo mateni
Sunan Prawata, sanalika Rangkut wes twkan omahe Sunank Prawata, nalika kuwi Sunan Prawat kang lara lan lagi
senden ing dadane bojone, Sunan Prawata
ngeti tekane tamu kang ora di undang, Sunan Prawat takon, “sapa kowe ?” Rangkut
banjur jawab, “kula utusanipun Adipati Arya Pnangsang, dipun utus mateni
paduka.” Sunan Prawata ujar, “ya karepmu, nanging aku wae sing mbuk pateni, aja
nganti ana sing mati maneh saliyane aku.” Sanalika Rangkut banjur nyubleske
keris ing dadane Sunan Prawata sak jero-jerone nganti tembus geger lan ngenani
dadane bojone Sunan Prawata. Sunan Prawata kang isih rada sadar ngeti bojone
tatu, cepet-cepet njabut keris mau kang jenenge Kyai Betok, banjur diuncalake
menyak Rangkut, rangkut kang kena keris mau mati sanalika, Sunan Prawata
lanbojone uga mati.
Ratu Kalinyamat kuwi sadulure
Sunan Prawata. Ratu Kalinyamat dikenal wong wadon kang ayu, pinter lan waninan.
Krungu kabar yen Sunan Prawat mati, atine Ratu kalinyamat tratapan kaya
dicubles sembilu. Ratu kalinyamat kang lagi wae digarwa Sultan Hadirin. Sawise
ing kuburane kangmase, Ratu Kalinyamat dikancani bojonelan prajurite menyang
omahe Sunan Kudus kanggo jaluk tanggung jawabe. Saurunge kuwi Ratu Kalinyamat
nemokake keris Kyai Betok ing sacedake mayite kangmase, Ratu Kalinymat reti yen
keris kuwi mau kerise Sunan Kudus. Satekane ing omahe Sunan Kudus, Ratu
Kalinyamat ngomong apa kabeh kang wes dialami kangmase, yaiku Sunan Prawata
tiwas lan garwane tiwas amarga dipateni murid kang di tresnanai Sunan Kudus,
ora liya ya Arya Panangsang.banjur Sunan Kudus jawab, “kakangmu Prawata kuwi
wes utang nyowo marang Arya Pnangsang, mulane matine kakangmu ya kuwi sing dadi
balesane.” Ratu Kalinyamat sing krungu jawbane Sunan Kudus kang kaya ngono lara
atine. Banjur deweke mulih menyang Jepara. Arya Panangsang reti yen Ratu
Kalinyamat lan bojone mulih saka omahe Sunan Kudus. Ing dalan rombongan Ratu
Kalinyamat mau di di kroyok dening para utusane Arya Panangsang, bojone Ratu
Klinyamat tiwas ana ing kedadean mau. Ananging Ratu Kalinyamat cepet-cepet di
gowo mlayu dening Prajurite . amarga kwatir yen di pateni dening Arya
Pnangsang. Ratu Kalinyamat karanta-ranta banget atine, sebab lagi wae ditinggal
sadulure lanang, saiki malah ditambah bojone nusul, mulane Ratu Kalinyamat
prihatin banget.
Sawise matine bojone, Rtu
Kalinyamat munggah kadudukan kanggo gantekake bojone lan di percaya mimpin
Jepara. Jepara dadi maju banget nalika pamarentahane Ratu Kalinyamat, amarga
kateguhan lan kawanenane Ratu Kalinyamat.
Ananging emboh apa sing
dirasakake Ratu Kalinyamat ngeti kanyatane uripe sing ditinggal wong kang
ditresnani amarga dipateni dening Arya Panangsang ora liya isih sadulure dewe.
Apa maneh ing buri kedadean iki ana campur tangane wali, Kanjen Sunan Kudus.
Bingung, jengkel, sedih campur aduk dadi siji “iki ora adil” sambate Ratu
Kalinyamat. Kasengsaran kabeh mau dirasakakae Ratu Kalinyamat. Ora ana sing
wani nandingi Arya Panangsang,amarga deweke duweni kasaktensing ora bias
dikalahake, apa maneh ana campur tangane Sunan Kudus, kabeh mau wes ora bener,
tokoh penyebar agama sing kudune nengahi perkara malah dadi sebab kedaden iki.
Mulane Ratu Kalinyamat duwe
krenteg supaya jaluk pitulungan Gusti karo lakon nyepi, tapa, ing panggonan
sing adoh saka keramenan donyo. Ing salah sawijining dina Ratu Kalinyamat
nyepakake bekal sacukupe, banjur Ratu Kalinyamat mangkat karo pengiringe arupa
dayang-dayang kinasih lan ana maneh rombongan sing dipimpin Ki Suta
Mangunjaya,golek panggonan kanggo tapa.
Ratu Kalinyamat tapa ora
adoh saka pasanggrahane, naming pirang meter menyang wetan. Ing panggonan sing
ombo mau, anan wit-witan gede lan ketel. Apamaneh panggonane sacedake kali.
Mulane panggonan mau pantes kanggo tirakatan. Banjur panggonan mau nganti saiki
jenenge “gilang”, yaiku saka tembung gilang-gilang sing tegese ombo.
Isih ditemokni watu sing
bekas panggonan sembayange Ratu Kalinyamat lan pancuran wudu. Kabar tapane Ratu
Kalinyamat tekan kupinge Hadiwijaya, sawise oleh pangestu saka Ki Panjawi,
Hadiwijaya banjur lungo niliki mbakyune ing panggonan tapane, deweke mbujuk
mbakyu ipare supaya ngebari anggone tapa lan mulih menyang Kraton. Ananging
Ratu Kalinyamat wies duwe tekat sing kuat. Malah Ratu Kalinyamat banjur pindah
anggone tapa menyang Gunung Donoroso sing saiki ana ing Desa Pengkol (Loji
Gunung), amarga ing kunu uga wes ora bias ngayemke pikiran. Mulane Ratu
Kalinyamat pindah maneh golek panggonan sing sepi. Mulane Ratu Kalinyamat
dikancani dayange golek panggonan maneh.
Sasuwene ing dalan sawise
pirang-pirang dina ing dalan, rombongane Ratu Kalinyamat kepethuk uwong sing
jenenge Ki Pejing, Ki Pejing nunjukake panggonan sing apik banget kanggo tapa,
yaiku panggonan sing sepi lan ing pinggir kali cilik sing bening banyune lan
ora tau asat, saliyane kuwi lemahe uga ambune wangi. Ratu Kalinyamat dikancani
dayange goleki panggonan mau. Sidane Ratu Kalinyamat nemokakae panggonan mau.
Amarga panggonan mau lemahe mambu wangi banjur dijenengi Sitiwangi (siti=lemah,
wangi = arum), sadurungi tapa, Ratu Kalinyamat tapa, deweke suci lan wudu disik
ing kali sacedakepanggonan tapa mau.
Ratu Kalinyamat anggone
solat, zikir tafakur ing duwur watu. Ananging Hadiwijaya ora kapok goleki
mbakyu ipare mau, banjur deweke nusul ing panggonan tapane mau,Sultan banjur
lungo menyang Lereng Gunung Donorojo bengi-bengi dikancani Ki Pamanahan, Ki
Panjawi, lan katelu Raden Ngabehi Loring Pasar (Danang Sutawijaya), sawise
tekan ing panggonan tapane Ratu Klainyamat ujar “Adimas Prabu, apa karepmu teka
ing papanku kene ?”. Sultan Pajang jawab, “Mbakyu, Aku rene amarga krungu kabar,yen mbakyu
ninggalake negarii, lan tapa ing Gunung Donorojo lan ora nganggo wusana,apa ta
sing dadi susah ing atimu mbakyu ?” Sultan Pajang nglipur lan mbujuk Ratu
Kalinyamat supaya bali lan mimpin Jepara maneh Sultan Pajang ujar, “menawa
matine kakang Kalinyamat menika wes takdir saka Gusti.” Ratu Kalinyamat ujar,
“Aku seneng yen kowe gelem niliki Aku,nanging Aku orra bakal klambenan
sadurunge Arya Panangsang mati.” Ratu Kalinyamatnerusake omongane, lan sapa wae sing bias ngringkus sing
tumindak zalim, bakal tak wenehi kesugihan lan gaweanku,” Sultan Pajang sing
krungu ujare Ratu Kalinyamat mau ngrasa mrinding, sabenere Sultan Pajang
kepingin ngewangi Ratu Kalinyamat kanggo ngringkus Arya Panangsang, ananging
ora no sing wani nglawan Arya Panangsang, jalaran Arya Panangsang kuwi jagoan
pilih tanding wektu kuwi. Amarga dukungane Ki Panjawi, Sultan Pajang wani
ngewangi Ratu Kalinyamat ngringkus Arya Panangsang, sawise musyawarah antarane
Ki Panjawi, Ki Pemanahan, Ki Mentahun, akhire Raden Ngabehi Loring Pasar
(Danang Sutawijaya) lan Arya Panangsang tarung lan Arya Panangsang bias
diringkus dening Raden Ngabei Loring Pasar, mulane sawise kuwi kerajaan Demak
dipindah menyang Pajang. Banjur Ratu Kalinyamat dijaluki tulung supaya nglawan
Portugis. Ratu Kalinyamat akeh kelangan prajurit, jalaran ora ono persiapan lan
gawe strategi perang. Ananging Ratu Kalinyamat ora ngalah. Saka kuwi Ratu
Kalinyamat dikenal wong sing waninan dening kerajaan liya.
Khotbah Jumat
بسم الله الرحمن
الرحيم
الحمد لله الذي جعل السعادة موقفة على تأديب
النفس وتطييبها وتزكيتها وتطهيرها. وجعل شقاءها فى فسادها وخبيثها. اشهد ان لا اله
الا الله وحده لا شريك له شهادة تنجي من العذاب قائلها. واشهد انّ سيدنا محمدا
عبده ورسوله الداعى الى الخيرات ومبدئها.
اللهم فصل وسلم على سيدنا ومولانا محمد المتصف
بمكارم الاخلاق ومحاسنها وعلى اله وصحبه صلاة وسلاما دائمين متلازمين الى يوم
القيامة يوم اخرجت الارض اثقالها. اما بعد .
فيا عباد الله ! اتقوا الله تعالى
واعلموا انكم دخلتم فى عام جديد. فاكثروا من التوبة والاستغفار واهتموا بما تصلح به عما يقرب الى هلاكها !
Jamaah Jum’ah
ingkang minulyo ;
Wonten khutbah
jum’ah meniko kulo tansah wasiat khususipun dumateng awak kulo kimbak lan
umumipun dumateng para rawuh sedoyo, monggo tansah budi doyo ningkataken iman saha
taqwa kito dumateng Allah SWT. kanti netepi dawuh-dawuhipun lan nebihi sedoyo
awisan-awisanipun. Lan mangertoso bilih sekedap maleh sampun dumugi akhir
tahun, inggih tahun 1432 hijriyah sampun bade telas lan bade dumugi tahun 1433
hijriyah. Meniko artosipun yuswo kito tambah sepuh lan bates anggen kito
menemui ajal sampun tambah parek (cedak).
Hadirin ingkang
minulyo;
Milo
sangking meniko para rawuh, monggo sami niti-niti lan ngemut-ngemut (kilas
balik) menopo kemawon selama setunggal tahun kapengker ingkang kito perbuat
saha lampahi. Katah ingkang leres nopo katah ingkang kelintu, katah amal
kesaenanipun nopo katah amal ingkang batal. Sumonggo dipun emut-emut piyambak.
Jalaran bejo lan cilokonipun awak kito meniko gumantung dumateng pribadinipun
kiyambak-kiyambak.
Jamaah Jum’ah ingkang minulyo;
Menawi katah anggen
kito nglampahi amal kesaenan, sumonggo kito tingkataken, menawi katah ingkang
batal monggo enggal-enggal dipun resiki lan taubat boten bade nglampahi maleh.
Dawuhipun Allah wonten surat
Asy Syams ayat 9 – 10 :
قد افلح من زكاها . وقد خاب من دساها
Artosipun : “Temen
bejo wongkang ngresiki atine lan temen rugi wongkang ngotori atine”
Wonten ayat meniko jelas bilih Allah ta’ala mboten remen dumateng
tiyang ingkang selalu berbuat batal sebab meniko bade ngotori atini lan awake.
Luweh-luweh malah saget ngotori lingkungane. Menawi sampun mekaten monggo
enggal taubat kanti taubat ingkang saestu. Dawuhipun Allah ta’ala :
ياايها الذين امنوا توبوا الى الله توبة
نصوحا . عسى ربكم ان يكفر عنكم سيئاتكم ويدخلكم جنات تجري من تحتها الانهار .
Artosipun : “He
iling-iling wongkang podo iman, podo taubato siro kabeh kelawan taubat kang
bener-bener, menowo-menowo Pengeran siro bakal nglebur kesalahan-kesahan siro
kabeh lan nglebokno siro kabeh ano swargane kang ono ing ngisor-ngisore mili
bengawan-bengawan” (S. At Tahrim : 8).
Jama’ah Jum’ah rohimakumulloh;
Sak lajengipun
menawi sampun, kito kedah nyedaake awak kito dumateng Allah ta’ala, ndepe-ndepe
kanti muroqobah, sebab mangertoso bilih kulo panjenengan sedoyo meniko
gadahi sifat apes lan mboten saget nopo-nopo, mboten gadah doyo nopo-nopo. Milo kanti muroqobah meniko kito nyuwun dumateng Allah
ta’ala supados dipun jagi sangking hal ingkang mboten diremeni Allah ta’ala lan
dipun jagi sedoyo amal perbuatan kito, ingkang utami iman kito.
Kanti meniko mugi lampah kito wonten tahun ingkang bade dumugi dipun
ridhoni lan saget gesang mlampah langkung sae.
Jamaah Jum’ah ingkang minulyo;
Katah sanget
amalan-amalan engkang saget dipun amalaken wonten sak lebetipun wulan Muharram
sak mangke, ing antawisipun maos do’a akhir tahun, maos do’a awal tahun, lajeng
ngatah-ngatahake maos istighfar lan sanes-sanesipun. Mekaten meniko mboten
sanes niat marekaken (muroqobah) dumateng Allah ta’ala, nyuwun ridho lan inayah
ipun supados dalan gesang meniko lancar berhasil miturut ingkang dipun
cita-citaaken saha dipun ngapunten sedoyo amal-amal kebatilan ingkang sampun
kalampah wonten tahun ingkang kapengker.
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم . بسم
الله الرحمن الرحيم . يا ايها الذين امنوا اتقوا الله ولتنظر نفس
ما قدمت لغد واتقوا الله. ان الله خبير بما تعملون .
بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم
ونفعنى واياكم بالايات والذكر الحكيم انه هو البر الرعوف الرحيم. وقل رب اغفر
وارحم وانت خير الراحمين.
Jenenge Pala
- Pala Gumantung : woh-wohan sing gumandhuling wit ssing umure cendhak (kates, gedhang, lsp)
- Pala Pendhem : woh-wohan sing kependhem ing lemah (tela, pohon, gembili, tales, uwi, lsp)
- Pala Kesimpar : woh-wohan sing wite rumambat (timun, krai, waluh, besusu, semangka, lsp)
- Pala Kitri/Kirna : tetanduran ing pekarangan kang umure dawa (jeruk, nangka, pelem, klapa, lsp)
- Palawija : taneman kang tinandur ing tegal saliyane pari (jagung, kedhele)
Langganan:
Postingan (Atom)