Selasa, 29 Desember 2015

GEGURITAN "Ati Iki"




Dening: Ariesta Widya
 
Keteg dhadha iki kaya njebol-njebolna
Kedhep mripat krasa kemeng jarene nampa pratandha
Apa kudu nyuwara sing ngganjel pangrungu
Kang mangka aku ngerti
Yen sing ditindakake iku nerak wewaler
Warisan sing wis tumancep jero
Aku ngerti marga sakiwa tengenmu lumaku
Dalan sing gumelar malah disingkiri
Malah miyak-miyak dhadha singgedan
Ati iki pancen njerit merit
Mung lambe iki ora kuwat kumecap
Marga kabeh mripat mripat mentheleng kepleng

3 komentar: