Selasa, 29 Desember 2015

GEGURITAN "Aku Kesel Ngundha Kangen"





Ngancik tenane
Embun esuk wis tanpa tabet
Saya arus gandane kringet
Sing maune wening wis dadi buthek
Rasa plong kaya dadi buntet
Alon aku jumangkah
Saurute dalan sindhatan
Rungkut ri bebondhotan
Lamat-lamat keprungu tembangmu
Lirih wiramane ngalentrih
Ya ta tutugna olehmu umpetan
Yen seneng nyaang aku sangsaya kelangan
Kesel ngundha kangen
Nganti kaya wong lara keramban
Apa pancen aku mung wenang ngrungokake tembangmu
Sing wiramane ngaletrih iku
Sing marakake tatu ing njero dhadhaku sangsaya jeru
Sangsaya perih iki? 



Dening: Rini Tri Puspohardini

Tidak ada komentar:

Posting Komentar