Selasa, 29 Desember 2015

Riwayatipun Basa Jawa ing Suriname


Sampun wonten 115 warsa dangunipun anggenipun basa Jawa dipunginakaken basanipun turunan Jawa ing Suriname ingkang sami nggadhahi ancas kangge nguri-uri lan nglestantunaken basa Jawa ing Suriname, inggih menika kaetang wiwit tanggal 9 Agustus Warsa 1890 rikalanipun bangsa Jawa keboyong ing tanah sbrang Suriname. Kawontenanipun basa Jawa ing jaman kontrakan bab tata caranipun basa, inggih tasik pancet kados menapa ingkang dipunbeta saking tanah Jawa. Sarehne anggenipun manggen ing pradesan dipuncampuraken kaliyan bangsa sanes, kados dene bangsa Kreol, bangsa Hindustan, lan sanesipun, inggih boten anggel anggenipun wicantenan, malah bangsa sanes ingkang menawi sami ngideraken daganganipun wontwn desanipun tiyang Jawa, menika kapeksa ngomong Jawa.
Salaminipun 115 warsa tanpa sekolahan lan tanpa guru senajan mlorot basanipunbab unggah-ungguh lan sapiturutipun, nanging taksih dipunuri-uri lan dipunlestantunaken dening keturunan Jawa ing Suriname.
Kenging menapa kok basa Jawa ing Suriname saged mlorot?
  1.   Anggenipun nem-neman boten saged matur Jawa, menika boten lepat, amargi boten dipunwulang tiyang sepuhipun
  2. Turunan Jawa ingkang inggil sekolahipun sami lingsem anggenipun ngomong Jawa. Langkung-langkung ingkang manggen wonten kitha sajakipun nampik basanipun. 
  3. Kadhesek kaliyan basa Landa lan Sranang Tongo, basa Jawa lajeng keplorot. 
  4. Ugi dipunanggep wonten pamikir menawwi basa Jawa boten kenging kangge pados sandhang pangan.
Cacah jiwa ingkang dipunwontenaken ing warsa 2003 wonten ing Suriname, bangsa Jawa inggih ugi mandhap saking urutan. Miturut palapuran saking kantoran “AlgemeenBurau Voor de Statistiek” bab anggenipun ngawontenaken cacah jiwa, negeri Suriname malih nggadhahi warga 492.829. menawi dipuncathet wonten urutan, menika ketingal kados mekaten:  1. Bangsa Hindustan, 2. Bangsa Kreol, 3. Bangsa Marrons, lan bangsa Jawa.
Sekawit bangsa Jawa tetep wonten ing urutan nomer 3, lha samenika keplorot, malih wonten nomer 4. Minangka kangge mbendung utawi ngendheg proses bab munduripun basa Jawa, ing wkdal warsa 2005 wonten satunggaling yayasan ingkang dipunjumenengaken dening bapak Antoon Sisal kabantu dening Bapak Johan Sarmo, ingkang aran Stichiting voor de Javaanse taal in Suriname kacekak Jatas. Ancasipun boten sanes kejawi kangge mbangun, nguri-uri lan nglestantunaken basa Jawa ing Suriname. Ingkang dados kawulanipun negara Suriname ngertos menawi boten pasinaonan kangge nyinau basa Jawa, nanging tiyang saking manca negara boten tepang kaliyan perkawis menika. Pramila inggih sami nggumun. 115 warsa tanpa guru lan tanpa sekolahan, taksih tetep tetmbungan basa Jawa ing Suriname. Kapethik saka: Panjebar Semangat-45/2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar