Assalamualaikum Wr.Wb
Ingkang kinurmatan kepala SMA 1 Mejobo, Bapak/Ibu guru
saha staf TU ingkang kula urmati. Boten kesupen kanca-kanca ingkang kula
tresnani.
Mangga kita sedaya sesarengan ngonjukaken puja-puji
syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agun. Awit ing dinten menika kita sedaya
saged makempal kanthi pinaringan bagas kawarasa tanpa alangan satunggal punapa.
Ing kalodhangan menika kula pidato kanthi tema “KAMARDIKAN”.
Menawi kita maos buku-buku sejarah kebangsaan, utawi
kita asring midhanget criyos paangandikanipun si mbah kita, bilih kamardikan
indonesia punika dipun gayuh kanthi perjuangan ingkang sakalangkung awrat.
Alhamdullilah awit saking kanugrahan lan rahmat Allah
SWT, perjuangan sakung bangsa Indonesia saged terwujud. Nalika tanggal 17 Agustus
1945 kamardikaan Indonesia di proklamiraken dening Bng Karno lan Bung Hatta.
Sakpunika negara kita sampun merdika, mangga kita bangun
negara punika miturut keahlian kita piyambak-piyambak, ampun ngantos kita
generasi muda ngrusak negara lan bangsa lantarsan saking tingkah laku kita.
Mangga kita sami-sami mbangun bangsa niki kaliyan giat sinau.
Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten
klenta-klentunipun atur kula nuwun agunge samudra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr.Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar