Selasa, 29 Desember 2015

Geguritan Lakon Wong (Jawa) Ngaku-Aku




Arum kuncara iku
Deweke kabudayan
Tebane kukuse kombul
Nganglang dirgantara
Mecaki tlatah anyar nyabrang
Samodra jembar ing poncot
Lor kidul wetan kulon ngebaki bawana
Apa isih duwek mu?
Aku kok dadi was sumelang
Yen hanacaraka bakal ilang
Apa kasilep kurungan ing juglangan
Apa arep koktangisi
Keduwung gegetun karo ngrungkebi
Maesan tanpa aran?
Mradah ngrembaka
Salumahing rat pangemanmu
Bakal dadi piwales
Sing nyingkur bakal kesiku
Sing nylimur dadi lamur
Sing api-api micek wingi
Temenan mbebeki mbanyaki
Awit cakra manggilingan lakuning pesthi
(wong Jawa mung kumanan kukusing dipa kumelun mung rume tetep njawani kaya biyen kalaning purnama sidhi kalane kalangan wewangen wingi?)
Arum kuncara iku
Duweke kabudayan
Tebane kukuse kombul
Nganglang dirgantara
Mecaki tlatah anyar nyabrang
Samodra jembar ing pancot
Lor kidul wetan kulon ngebaki bawana
Apa isih duwek mu? 



 Dening: David Harjono


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar